GEGURITAN
                SETYA TUHU
Pasuryaning candra wengi iki
nyumunari tumapaking uripku
urip kang  tansah akeh pacoban
lir saakehing andaru ing cakrawala
   Ratri kang sepi
   agawe aku eling marang sliramu
   marang tuhuning tresnamu
   kang ngayemne penggalih
   agawe murty martani
Tresna seta lan nirmala
agawe aku kuwat napaki gesang
listyaning tumindakmu
lir semilire bayu
   dik, napa sliramu sampun supe?
   marang sakabehing janji lan tresnamu marang aku
   eluhku wus kesel tumetes
   ana ngendi pranamu dik?
Pengarep-arep mung kari pangarepan
janji mung kari janji
merga sliramu kena goda
napa sampun sirna tresnamu?
napa sampun layu driyamu dik?
   cah ayu ngrtia..
   aku iseh ana kene
   aku iseh ngenteni
   tresnaku jati marang sira
   tresnaku tulus marang sliramu
gek ndang bali dik
ati iki wus kesel
kesel nembang kasengsaran
ngenteni tulusing tresnamu
kang kaya wingi uni
   nadyan marga kang tak tapaki
   datan alus lan lempeng 
   aku bakal setya
   nadyan kaya ngenteni tukuling jamur
   ing mangsa ketiga
delengen dik,..
aku iseh ana kene
aku bakal setya ngenteni
nganti pungkasaning yuswa..
 
 
Geguritan ciptaan : august_15.th_2011@yahoo.co.id
 
 
 
          
      
 
  
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar